Lirik Lagu Malang Pancen Rame
Keterangan
Jenis Lirik | : | Lagu Daerah |
Asal Daerah | : | Jawa Timur |
Ciptaan | : | Buri Hendika Kurniawan |
Penulisan Lirik | : | ditulis secara singkat |
Isi Lirik
I
Malam minggu Mlaku - mlaku sak kancane,
Alun - alun wayah sore pancen rame
Mudo - mudi gegojekan sak kancane,
Sing dho pacaran gandengan tangan cek mesrane
Kutho malang kuthone pancen rame,
Pasar Induk Gadang panggonane
Kulon lun alun ngeglok Masjid Jami'e,
Ojo lali Arjosari terminale
=====
Tahu tempe Sanan panggonane,
Jalan Lombok terkenal soto ayame
Nyami'ane kripik singkong jik nyamplenge,
Aremania wis kondang sepakbolae
II
Pantai wisata ora ketinggalan,
Papan kang edi ugo tempat pemandian
Balekambang kesuwur neng Kutho Bathur,
Sendang Biru ning Sumber Manjing ojo kliru
Songgoriti manggon ning kutho Batu,
Coban Rondho ning Pujon pancen ono
Bajul Mati mas pancen ndundut ati,
Ojo bingung kowe kari pilih ngendi
=====
Yen ora ngandel ceritaku iki,
Bukteake kutho malang pancen asri
Wus kondang kaloko kuto malang iki,
Yen tindak mriko kulo jamin pengen kari